![]() |
Sumber gambar : Pinterest |
Berikut ini adalah contoh surat pribadi dalam bahasa Jawa. tentu saja tulisan ini belum sempurna, saya tunggu kritik dan sarannya.
Kulon Progo, 04 Mei 2015
Bapak
saha Ibu
Wonteng
ing Solo
Sembah
sungkem pangabekti,
Lumantar
serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing mriki tansah
ginanjar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwunan kula dhumateng Gusti
Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin
Bapak
saha Ibu ingkang kula bekteni, lumantar serat punika kula badhe caos kabar
bilih kala wingi kula Juara II Lomba Cerkak se-Kabupaten Kulon Progo. Saha
Insya Allah kula badhe wangsul dateng Solo benjang wulan Desember. Nyuwun
pangestunipun mugi-mugi sedaya dipun paringi kalancaran.
Mbok
bilih wonten upakarti utawi oleh-oleh ingkang dipun kersakaken saking Kulon
Progo, sumangga Bapak saha Ibu ngendika dateng kula. Insya Allah samangke saged
kula padosaken wonten ing mriki.
Ing
wusana, cekap semanten rumiyin serat kula, sanes wekadal dipunsambet malih.
Menawi wonten kirang trapsila atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun
lumuntuning samudra pangarsami.
|
Ingkang putra,
Sepotong Pelangi
|
Comments
Post a Comment